Materi Basa Jawa kelas XII Semester 1



PAKAIAN ADAT JAWA

   Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhesar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.
Bedakke Antara Pakaian Adat Jawa SOLO lan YOGYA

BLANGKON

   Blangkon kota Yogya yaiku bagian mburine ana mondolan(benjolan) kanggo panggonan gelungan rambut, amarga adat zaman biyen tradisi rambut lanang didawakake. Yen didelok saka ngarep blangkon Yogya luweh mbentuk huruf “A” ing bagian bathuk.
Blangkon kota Solo yaiku luweh trepes(rata) amarga wektu masa kolonial masyarakat Solo utawa Surakarta ngikuti budaya cukur kaya kaya wong Eropa. Blangkon Solo bagian ngarep luweh omba.

SURJAN  LAN BESKAP

   Surjan yaiku klambi khas Yogya kanggo wong lanang. Sering disebut uga pakaian takwan, surjan luweh akeh nggunakake motif kembang-kembang kaya sing biasa dinggo Sri Sultan Hamengkubuwono.
Beskap yaiku klambi khas Solo kanggo wong lanang. Wernane luweh cenderung ireng/peteng.


KERIS

   Warangka pada keris Yogya cenderung luweh tumpul, ornamen ukiran keris lebih sederhana.
Warangka pada keris Solo cenderung luweh lancip, ornamen ukiran keris Solo lebih bermotif daripada keris Yogya.

BATIK

   Batik Solo cenderung nduweni werna luweh ing coklat sogan, motif batik Solo lebih kecil. Cara ngewirune yen jarik Solo ing bagian pinggiran wernane putih diumpetake, dadine saka njaba orak ketok.
Batik Yogya nduweni warna dasar putih, motif batik Yogya cenderung luweh gede. Cara ngewirune yen jarik Yogya bagian pinggiran sing putih diketokake utawa diweruhake.

SANGGUL

   Sanggul yaiku rambut tamnahan sing diwenehi dasaran bentuk bulat kaya tatakan gelas rada cilik, sing digawe saka kain gaas, kadang-kadang berbentuk oval utawa bulat cilik. Rambut tambahan (palsu) tersebut iso dibentuk macem-macem sanggul sing dikenal karo kabeh ibu-ibu kanggo sanggul tempel.
Sanggul Yogya disebut sanggul gelung tekuk, kanggo masang tusuk konde sanggul Yogya ana ing 1 tengah.
Sanggul Solo disebut sanggul konde, kanggo masang tusuk konde ing 1 tengah lan 2 ing pinggir.

KEBAYA

   Kebaya Yogya khas saka kebaya iki yaiku ana pita wernane emas sing ngelilingi lengan, ngelilingi gulu, diteruskengarep dada nganti bagian ngisor awak. Jarik khas Yogya werna dasare putih. Wiru jarikke nampakake werna putih(kain sing orak di batik) pas dilempit.
Kebaya Solo  orak ana ciri khas sing khusus, kebaya Solo orak ana pita-pita hiasan sing ngelilingi awak kaya kebaya yogya. Werna dasar jarikke coklat, hitam, utawa kuning. Orak nampakake kain putih(kain sing orak batik) pas di wiru.
Warangka pada keris Yogya cenderung luweh tumpul, ornamen ukiran keris lebih sederhana.
Warangka pada keris Solo cenderung luweh lancip, ornamen ukiran keris Solo lebih bermotif daripada keris Yogya.

BATIK

   Batik Solo cenderung nduweni werna luweh ing coklat sogan, motif batik Solo lebih kecil. Cara ngewirune yen jarik Solo ing bagian pinggiran wernane putih diumpetake, dadine saka njaba orak ketok.
Batik Yogya nduweni warna dasar putih, motif batik Yogya cenderung luweh gede. Cara ngewirune yen jarik Yogya bagian pinggiran sing putih diketokake utawa diweruhake.

SANGGUL

   Sanggul yaiku rambut tamnahan sing diwenehi dasaran bentuk bulat kaya tatakan gelas rada cilik, sing digawe saka kain gaas, kadang-kadang berbentuk oval utawa bulat cilik. Rambut tambahan(palsu) tersebut iso dibentuk macem-macem sanggul sing dikenal karo kabeh ibu-ibu kanggo sanggul tempel.
Sanggul Yogya disebut sanggul gelung tekuk, kanggo masang tusuk konde sanggul Yogya ana ing 1 tengah.
Sanggul Solo disebut sanggul konde, kanggo masang tusuk konde ing 1 tengah lan 2 ing pinggir.

KEBAYA

   Kebaya Yogya khas saka kebaya iki yaiku ana pita wernane emas sing ngelilingi lengan, ngelilingi gulu, diteruskengarep dada nganti bagian ngisor awak. Jarik khas Yogya werna dasare putih. Wiru jarikke nampakake werna putih(kain sing orak di batik) pas dilempit.
Kebaya Solo  orak ana ciri khas sing khusus, kebaya Solo orak ana pita-pita hiasan sing ngelilingi awak kaya kebaya yogya. Werna dasar jarikke coklat, hitam, utawa kuning. Orak nampakake kain putih(kain sing orak batik) pas di wiru.


Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA     

Komentar

  1. Sungguh bagus
    Ternyata pakaian jawa penuh dengan makna

    BalasHapus
    Balasan
    1. alhamdulillah sekarang jadi tau kan, hehe nambah ilmuu

      Hapus
  2. Kalau pakaian adat kendal ad ga kak

    BalasHapus
  3. Sae niki, lan nambai pangetosan tiang katah, sip

    BalasHapus
  4. Makasih ya materinya
    Berguna buat aku yang masih SMA kelas X

    BalasHapus
  5. Semoga nilai ujian prakteknya mantap mantap

    BalasHapus
  6. Semoga nilai ujian prakteknya mantap mantap

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 2

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 1