Materi Basa Jawa Kelas X Semester 1


Sinau Saka Crita

     Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae. 

A. Maca lan nanggapi isine teks crita cerkak lan niteni perangan-perangane

     Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kanyalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cerkak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane perkara (tema), paraga (tokoh), lan watake (penokohan), lakune crita (alur/seting),  kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), papan kedadeane crita kasebut (seting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditunjokake marang pamaca (amanat).

     Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake, kayata: sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale.  Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur/invers. Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utawa ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita). Seting gegayutan karo papan lan waktune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks crita cerkak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

     Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggalane.

C. Nulis sinopsis crita cekak nggunakake  ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranata/aturan

     Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. Urutane lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis. Nadyan mengkono, urutane anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutane ing crita iku. Gampang rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis crita cekak gegayutan karo jumbuhe karo konteks     lan pranatan

     Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, rutute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas) mekarake gagasan. Kamerdikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika. 

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa kelas XII Semester 1

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 2

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 1