Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 1
Nguri-uri Tradhisi
Budaya Jawa
Grebeg
Besar iku acara tradhisi
ing kutha Demak kang dianakake saben wulan Dzulhijjah. Acara iki digelar kanggo
mapag bakda Besar utawa wulan haji. Acara kang direkadaya kanggo ngramekake
sasi Besar iki, pol-polane tumiba ing tanggal 10 Dzulhijjah. Bab mengkono iku
pancen wis dadi ciri wanci mungguhe kutha Demak lan tetep arep dilestarekake
kanggo nguri-uri budaya tinggalane para luhur. Tradhisi Grebeg Besar iki tinggalane
Sultan Fattah lan Sunan Kalijaga. Wali loro iku pancen wis cinathet ing sejarah
minangka wali kang nyebarake agama Islam kanthi nggunakake adat lan tradhisi
kang wis ana ing tlatah Demak.
A. Maca lan nanggapi
teks eksposisi ngenani budaya jawa
Teks
eksposisi iku teks kang
isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman saiki, teks eksposisi uga
diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran pangrakite teks
eksposisi didhasari karep ngukuhi panemu utawa usule kanthi pawadane/alesane
pangrakit dhewe tanpa mbandhingake pawadane wong liya.
B. Nemokake tuntunan
ing sajrone teks eksposisi budaya jawa lan nyocogake karo kahanan jaman saiki
Adat
Tradhisi Jawa
Sajrone urip
bebrayan wong iku ora bisa uwal saka bot-repote panguripan. Bot-repote uripe
seperangan gedhe wong jawa isih gepok senggol karo adat tradhisi. Adat tradhisi
Jawa iku akeh wernane. Werna-wernane tradhisi mau kayata: nglairake (bayen),
tedhak siten, supitan, mantu, tingkeban, bedhah bumi, lan liya-liyane. Saben
kedadeyan mau mesthi dianakake acara adat sing diarani slametan utawa kendhari.
Jumbuh karo jenenge, acara adat mau duwe pangajab supaya apa-apa mau pinaringan
slamet saka ngarsane Allah,SWT.
Separengan
teks eksposisi ing dhuwur nerangake yen wong jawa iku isih akeh kang ngugemi
tradhisi. Kang perlu ditandhesake tradhisi iku dudu agama lan ora bakal
nggantekake agama. Tradhisi duwe panggon dhewe, semono uga duwe ‘panggonan’
dhewe uga. Mula ora perlu digwe prekara upama ana bedane panemu. Akeh piwulang
kang maune durung kang ngerteni saiki dadi ngerti. Supaya tetep lestari lan
ngrembaka, adat jawa saiki akeh sing dijumbuhake karo jaman saiki.
C. Mbedhah perangane
teks eksposisi
Ing ngarep
wis diterangke menawa teks eksposisi iku digunakake kanggo urun panemu atau
gagasan kanthi dhasar pawadan/argumentasine pangaran dhewe. Titikane teks
eksposisi yaiku tatanane (strukture) ana gagasan kang diusulake lan ana
pawadan/argumentasine.
Tuladhane
kaya ngisor iki.
Gagasan/panemu
: sajrone urip bebrayan
wong iku ora bisa uwal saka bot-repote panguripan. Bot-repot uripe seperangan
gedhe wong jawa iseh gepok senggol karo adat tradhisi.
Argumentasi
: adat tradhisi jawa iku
akeh wernane. Werna-wernane tradhisi mau kayata : nglairake (bayen), tedhak
siten, supitan, mantu, ngundhuh mantu, tingkeban, bedhah bumi, lan liya-liyane.
D. Nulis teks
eksposisi babagan budaya jawa ngaggo pranata lan bahasa kang cocog karo
kahanan.
Menawa para
siswa arep nulis teks eksposisi manut pranatan utawa aturan kang wis gumathok,
yaiku ana gagasan kang diusulake lan ana pawadan/argumentasine. Bab apa wae
kang arep didheskripsekake carane padha, yaiku nganggo rumus kaya ngene iki.
Gagasan/
panemu : A iku B
Argumentasi :
C = C1 + C2 + C3
C = werna-wernane
adat Jawa
C1 = nglairake; C2 = tedhak siten; C3 = supitan;C....
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2
Kelas XI SMA/SMK/MA
Mantabb
BalasHapusmantab pake b
HapusGood kak
BalasHapusyuhuuuu
BalasHapusSakjose
BalasHapus