Materi Basa Jawa Kelas X Semester 2


Pitutur Luhur ing Crita Wayang

Wayang dumadi saka tembung “yang” utawa “hyang” antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.

A.   Maca lan nanggapi teks wayang

Dewi Kunthi
Miturut Kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, Putri Prabu Basukunthi, Raja ing Madura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.

B.   Nemokake tuntunan ing teks wayang
Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran. Dene tuntutan ing teks wayang Sinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta setya.

C.   Mbedhah perangane teks wayang
Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Sinta.

D.   Nulis sinopsis wayang
    Urut-urutane nulis sinopsis :
1.            Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis
2.            Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigathi/penting
3.            Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagaasan sing wis dicatet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif minurut crita asline
4.            Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae
5.            Ringkasan/ sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa kelas XII Semester 1

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 2

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 1