Materi Basa Jawa Kelas X Semester 1
Sinau Saka Crita
Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga
critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging
crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo
maca cerkak iku mung sedhela wae.
A. Maca lan nanggapi isine teks crita cerkak lan niteni perangan-perangane
Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa kanyatan trus dibumboni, bisa uga
murni saka kanyalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono,
perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cerkak adhakane padha.
Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang
nyakup underane perkara (tema), paraga (tokoh), lan watake (penokohan), lakune
crita (alur/seting), kepiye pangripta anggone nyritakake (point
of view), papan kedadeane crita kasebut (seting), lan wulangan utawa
tuntunan kang ditunjokake marang pamaca (amanat).
Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi
sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang
dicritakake ing cerkak iku genep karo watake, kayata: sabar, wicaksana, galak,
judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita:
alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur/invers. Point of
view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone
crita. Pengarange dadi paraga utawa ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung
nyritakake ('dheweke' ing crita). Seting gegayutan karo papan lan
waktune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku
magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita
iku.
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut
ing teks crita cerkak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane
pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca.
Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab
katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan
sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa
ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan,
kabudayan, lan sapanunggalane.
C. Nulis sinopsis crita cekak
nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranata/aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita,
kalebu crita cekak. Urutane lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing
crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis. Nadyan mengkono, urutane anggone nulis
sinopsis ora kudu padha karo urutane ing crita iku. Gampang rembug, sinopsis
iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.
D. Naliti sinopsis crita cekak
gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan
pranatan
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, rutute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas) mekarake gagasan. Kamerdikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1
Kelas X SMA/SMK/MA
Uwowww
BalasHapuswakwaaaw
BalasHapusMantap
BalasHapusMakasih kak ini sangat membantu
BalasHapusCakepppp
BalasHapusLucky Club Casino Site: The Lucky Club Online Casino - LuckyClub
BalasHapusLucky Club Online Casino – Play casino games, slots and live dealer games luckyclub for real money on your mobile or in-play.