Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 1
Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa Grebeg Besar iku acara tradhisi ing kutha Demak kang dianakake saben wulan Dzulhijjah. Acara iki digelar kanggo mapag bakda Besar utawa wulan haji. Acara kang direkadaya kanggo ngramekake sasi Besar iki, pol-polane tumiba ing tanggal 10 Dzulhijjah. Bab mengkono iku pancen wis dadi ciri wanci mungguhe kutha Demak lan tetep arep dilestarekake kanggo nguri-uri budaya tinggalane para luhur. Tradhisi Grebeg Besar iki tinggalane Sultan Fattah lan Sunan Kalijaga. Wali loro iku pancen wis cinathet ing sejarah minangka wali kang nyebarake agama Islam kanthi nggunakake adat lan tradhisi kang wis ana ing tlatah Demak. A. Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani budaya jawa Teks eksposisi iku teks kang isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman saiki, teks eksposisi uga diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran pangrakite teks eksposisi didhasari karep ngukuhi panemu utawa usule kanthi pawadane/alesane pangrakit dhe...