Postingan

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 1

Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa Grebeg Besar iku acara tradhisi ing kutha Demak kang dianakake saben wulan Dzulhijjah. Acara iki digelar kanggo mapag bakda Besar utawa wulan haji. Acara kang direkadaya kanggo ngramekake sasi Besar iki, pol-polane tumiba ing tanggal 10 Dzulhijjah. Bab mengkono iku pancen wis dadi ciri wanci mungguhe kutha Demak lan tetep arep dilestarekake kanggo nguri-uri budaya tinggalane para luhur. Tradhisi Grebeg Besar iki tinggalane Sultan Fattah lan Sunan Kalijaga. Wali loro iku pancen wis cinathet ing sejarah minangka wali kang nyebarake agama Islam kanthi nggunakake adat lan tradhisi kang wis ana ing tlatah Demak. A.   Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani budaya jawa Teks eksposisi iku teks kang isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman saiki, teks eksposisi uga diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran pangrakite teks eksposisi didhasari karep ngukuhi panemu utawa usule kanthi pawadane/alesane pangrakit dhe...

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 2

Pitutur Luhur ing Crita Wayang Wayang dumadi saka tembung “yang” utawa “hyang” antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa. A.   Maca lan nanggapi teks wayang Dewi Kunthi Miturut Kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, Putri Prabu Basukunthi, Raja ing Madura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena. B.   Nemokake tuntunan ing teks wayang Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran. Dene tuntutan ing teks wayang Sinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta setya. C.   Mbedhah perangane teks wayang Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih la...

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 1

Sinau Saka Crita       Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae.  A. Maca lan nanggapi isine teks crita cerkak lan niteni perangan-perangane      Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kanyalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cerkak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane perkara (tema), paraga (tokoh), lan watake (penokohan), lakune crita (alur/seting),  kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), papan kedadeane crita kasebut (seting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditunjokake marang pamaca (amanat)...

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 2

Tontonan Budaya Jawa    Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan menungso. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog ,seperangkat gamelan, keprak, kepyak, kotak wayang, cempela, lan blencong). A.     Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan             Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang genep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud : 1.  Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana,lan bisa diceritakake kanthi cetha, 2.  Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta, 3.  Fakta ngenani pawongan...

Materi Basa Jawa kelas XII Semester 1

PAKAIAN ADAT JAWA    Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhesar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop. Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja. Bedakke Antara Pakaian Adat Jawa SOLO lan YOGYA BLANGKON    Blangkon kota Yogya yaiku bagian mburine ana mondolan(benjolan) kanggo panggonan gelungan rambut, amarga adat zaman biyen tradisi rambut lanang didawakake. Yen didelok saka ngarep blangkon Yogya luweh mbentuk huruf “A” ing bagian bathuk. Blangkon kota Solo yaiku luweh trepes(ra...